Peribahasa Jawa

"In The Name Of ALLAH SWT, Most Gracious Most Merciful"



1.      Adigang, adigung, adiguna.
- Wong sing ngendelake kekuatane, keluhurane lan kapinterane.
2.      Adhang-adhang tetesing
-Embun njagakne barang mung saolehe wae.
3.      Aji godhong garing
-Barang kang ora nduwe aji babar pisan.
4.      Ana catur mungkur
-Ora gelem ngrungokake rerasan sing ora becik.
5.      Ana dhaulate ora ana begjane
-Wis arep nemu kabegjan nanging ora sida
6.      Ana gula ana semut
- Panggonan sing ngerejekeni mesti akeh sing nekani.
7.      Anak polah bapa kepradah
-Wong tuwa nemu reribed amarga saka polahe anak.
8.      Ancik-ancik pucuking eri
-Wong kang tansah sumelang yen keluputan.
9.      Anggutuk lor kena kidul
- Ngangkah marang sawijining wong katibak ake marang wong liya.
10.   Angon mangsa
-Golek wektu sing prayoga.
11.  Angon ulat ngumbar tangan
- Nyawang kahanan arep nglimpe.
12.  Arep jamure emoh watange
- Gelem kepenake ora gelem rekasane.
13.  Asu arebut balung
- podo rerebutan barang sing sepele.
14.  Asu gede menang kerahe wong
-sing gedhe pangkate mesti luweh gedhe panguwasane.
       15. Asu marani gepuk.
            -njarak marani bebayan
  
Semoga Bermanfaat Gan...!!! C...u..

No comments: